Selasa, 12 September 2023

Latihan sumatif tengah semester ganjil Mapel B. Jawa Kelas 5

 

Mata Pelajaran                    : Bahasa Jawa

Kurikulum                           : Merdeka

Kelas                                     : V (Lima)

Alokasi Waktu                    : 90 Menit

Jumlah Soal                         : 25 Soal Pilihan Ganda dan 5 Soal Isian

 

 

I.          Wenehana tandha ping (X) ana aksara a,b,c utawa d ing sangarepeangsulan kang bener !

 


1.       Nuwun, kasugengan saha sih nugrahaning Gusti Ingkang Maha Asih mugi tansah kajiwa kasarira wonten ing kita sedaya. Perangan serorah iku kalebu . . . .

a.       Panutup

b.       Surasa basa

c.       Purwakaning atur

d.       Pangarep-arep

2.       Tegese tembung "bagya mulya" yaiku . . . .

a.       Sehat

b.       Urip

c.       Seneng

d.       Sedih

3.       Wong arep sesorah luwih becik gawe (rancang)dhisik. Tembung ing jero kurung iku benere . . . .

a.       Merancang

b.       Rancangan

c.       Dirancang

d.       Dirancanganke

4.       Tembung subasita tegese . . . .

a.       Tata kramane pasrawungan

b.       Rancangane pasrawungan

c.       Carane pasrawungan

d.       Nyiapne pasrawungan

5.       Nalikane sesorah iso nggunake basa ngoko menawa sing diadhepi . . . .

a.       Wong tuwo

b.       Luwih enom

c.       Bapak-bapak

d.       Ibu-ibu

6.       Bab kang kudu ditindakake nalika sesorah, kajaba . . . .

a.       Deleng marang wong kang diajak guneman

b.       Gandhang swarane lan gunamane ora kasusu

c.       Lancar gunamane

d.       Pola besengut

7.       Cecak mangan nyamuk nganti wareg. Ukara iku bisa diwalik sing padha maksude yaiku . . . .

a.       Cecak dipangan nyamuk nganti wareg

b.       Nganti wareg nyamuk mangan cecak

c.       Nyamuk dipangan cecak nganti wareg

d.       Wareg nganti  nyamuk mangan cecak

8.       Dadi bocah iku kudu sing sregep sinau supaya mbesok ora sepi kawruh. Tegese sepi kawruh yaiku . . . .

a.       Kawruhe sepi

b.       Ora duwe kawruh

c.       Ora duwe pamrih

d.       Ora duwe subasita

9.       Ing ngisor solah bawa sing kudu digatekake nalika sesorah, kajaba . . . .

a.       Swara kudu seru supaya kabeh krungu

b.       Ngadeg jejeg kanthi kapitayan

c.       Wiramaning swara kepenak dirungokake

d.       Sandhangan kang sarwa becik lan mompyor

10.   Nalika kowe lagi sesorah, becik swarane kudu . . . .

a.       Lirih

b.       Grememeng

c.       Bengok

d.       Seru

11.   Jinis sesorah ingkang ditindakake ana ing acara pahargyan, yaiku . . . .

a.       Atur pambagya

b.       Aweh panglipur

c.       Atur kabar

d.       Pangajak

12.   Sing ora kalebu purwakaning atur yaiku . . . .

a.       Atur pakurmatan

b.       Atur pamuji

c.       Atur panuwun

d.       Atur wosing ati

13.   Ing ngisor iki tujuane sesorah, kajaba . . . .

a.       Nuduhake kabisan marang liyan

b.       Atur kabar

c.       Aweh panglipur

d.       Pangajak

14.   Sesorah kanggo nampa rawuhe tamu  kang ana ing acara apa wae, kayata acara supitan, tanggap warsalan sapiturute yaiku . . . .

a.       Atur pambagya

b.       Aweh panglipur

c.       Atur kabar

d.       Pangajak

15.   Pokok saka ini sing diwedharake yaiku . . . .

a.       Wigatine atur

b.       Dudutan

c.       Pangarep-arep

d.       Purwaka

16.   Solah bawane wong sesorah iku luwih becik sing . . . .

a.       Sakepenake dewe

b.       Mantep lan teteg

c.       Mlenga mlengo

d.       Trennginas

17.   Kula kanti cekap semanten atur kula mugi-mugi wonten kawigantos saking panjenengan. Dene menawi wonten atur kula ingkang kirang mranani nyuwun pangaputen. Wasaalamualaikum

perangane sesorah ing dhuwur kalebu . . . .

a.       Salam pambuka

b.       Purwakaning atur

c.       Panutup

d.       Pangajeng-ajeng

Teks kanggo soal nomor 18-20

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh

Dhumateng Bapak Kepala sekolah ingkang winantu ing pakurmatan. Bapak ibu guru ingkang kula urmati. Saha para siswa SD putra bangsa ingkang kula tresnani

Puji syukur kita aturaken dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring berkah lan karunianipun dhumateng kita sedaya, setamah kita saged kempal ing dinten menika kangge mengeti dinten Pendhidhikan Nasional kanthi lancar.

18.   Penthilan teks sesorah ing dhuwur iku ana ing perangane . . . .

a.       Katrangan

b.       Panutup

c.       Isi

d.       Pambuka

19.   Teks sesorah ing dhuwur kanggo mangeti . . . . .

a.       Proklamasi

b.       Bebas narkoba

c.       Pendhidhikan nasional

d.       Pramuka

20.   Tegese tembung kempal yaiku . . . .

a.       Bubar

b.       Bareng

c.       Lemu

d.       Kumpul

21.   Teknik maca sesorah ingkang pamicara sadurunge wis ngrancang teks utawa naskah sesorah banjur diapalke yaiku . . . .

a.       Ektemporan

b.       Memoriter

c.       Naskah

d.       Impromptu

22.   Nalika sesorah kedah nggatosake bab ing andhap menika, kajaba . . . .

a.       Micara

b.       Polatan sing sumeh

c.       Rembuk kang pas utawa trep

d.       Warna rambut

23.   Dudutan uga diarani . . . .

a.       Salam pambuka

b.       Purwakaning atur

c.       Wigatine atur

d.       Simpulan

24.   1. Purwakaning atur

2.  Dudutan (simpulan)

3.nggatekake intonasi

4. ngedalake lathi (swara)

5. pangajeng-ajeng

Ing dhiuwur kang ora klebu pokok-pokok utawa urut-urutane sesorah yaiku nomor . . . .

a.     1,2

b.    3,4

c.     2,5

d.    1,5

25.   Andharan kang minangka osing sesorah iku ing perangan surasa/isi. Mula kang diandharake nalika perangan isi, nalika . . . .

a.     Ngaturake wos pahargyan

b.    Ngaturake panuwun

c.     Ngaturake syukur

d.    Ngaturake para tamu

 

 

 


II.   Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki ngganggo tembung sing mathuk !

1.       Kula panjenengan saged pinanggih ing papan punika kanthi bagya mulya kalis ing sambekala. Tembung kula panjenengan iku gantine saka tembung . . . .

2.       Rantamaning sesorah sing isine puji syukur marang Gusti yaiku . . . .

3.       Miraca utawa nglairake gagasan, panemu sarana lisan ing sangarepe wong akih diarani . . . .

4.       Gatekana ukara ing ngisor iki !

1)      Kupat kecemplung santen, menawi kula lepat nyuwun pangaputen

2)      Kupat janure tuwa, menawi lepat diagung ing pangaksama

3)      Jenang sela wader kalen sesondheran, apuranta menawi wonten lepat kawula

4)      Tebah siti, sekul binuntel roning kapala. Apuranta sedaya lepat kawula.

Sing kalebu ukara wangsalan kanggo panutupe sesorah yaiku . . . .

5.       Yen arep sesorah supaya bisa bisa ngomong kanthi lancar kudu ngerti . . . .

Tidak ada komentar:

Posting Komentar